Wednesday 1 May 2013

Elinga


Oleh: Wahid “Kakung”

Ing Jaman kang saya edan,
Jaman kang dibarengi saakehing kepenginan,
Kepengin nggayuh cita donya,
Nggayuh ing gawe tanpa kendhat.

Ananging ….
Prayogane aja nganti lali,
Lali sejatining manungsa,
Lali uriping bebrayan,
 Lali karo sangkan paran.

Kepenginan kang dugi saka nepsu
Hanamung gawe adohe manungsa karo sing Maha Agung
Elinga…
Gusti Kang Murbeng Dumadi iku ancase urip
Kudu siji tekad….
Tekad siji, madhep mantep marang Pangeran

No comments: